KUSUMA BANGSA KANG TANPA KARTIKA

0

Bebasan kaya wengi tanpa lintang rambu

Peteng ndedhet gegrumutan

Ora weruh kulon wetan

Kaya ketiga ngerak kang luwih

Lumaku adoh lirih anglentrih

Gondhang salit tan panggih warih

Nalikani isih bodho

Plonga-plongo

Menga-mengo

Durung duwe kawruh

Durung ngerti unggah-ungguh

Durung antuk sesuluh

Nanging, cahya sapelik metu

Nadyan cilik ning kaya daru

Adhem kaya tetese banyu

Rasa manis kang pindha madu

Wuse ketemu kang aran guru

Pawongan kang tlaten pareng sesorah

Tansah sabar anggula wentah

Marang murid kang isih bocah

Kanthi tulus ing penggalih

Paring ugelmu tan pilih kasih

Tanpa pamrih

Ora ngajab den sembulih

Kabeh mau kang dipurih

Anak-murid mbesuk dadi wong linuwih

Dadi manungsa panilih (EN)

Biografi Penulis

Karimatunnisak

Karimatunnisak, seorang mahasiswi aktif program studi Tadris Bahasa Inggris semester tujuh IAIN Kediri. meski tengah sibuk dengan proposal skripsinya, gadis yang lahir pada bulan Maret ini masih meluangkan waktunya untuk menulis puisi berbahasa Jawa. Apabila ingin lebih dekat dengan penulis dapat menghubungi e-mail pribadinya karimatunnisak303@gmail.com

About author

No comments

Dedikasi Ustadz Nasrudin, lewat Kuthbah Jumat-nya; ANTARA TAKDIR DAN MENJAGA KESEHATAN

إِنَّ الْحَمْدَلِلهِ، نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَ نَسْتَغْفِرُهُ، وَ نَعُوْذُ بِالله مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا ...