TPA utawa Taman Pengajian Anak-Anak ing Gang Raung iku tansaya rame. Umume, guru sing ngulang ana TPA iku materine dironce sedhengan, ora abot-abot nemen. Sore iki sing dirembugne bab “Piye carane njawab salam?”. Amarga salam iku wigati kanggo manungsa. Ing sajroning salam ana pandonga kang apik guna panguripan lan kuwi uga tata kramane mertamu umat Islam.
Nanging, ing TPA Al-Ikhlas kuwi ana bocah sing nakal senajan rupane bagus, Ikal jenenge. Pas Bu Guru ndhawuhake piye njawab salam, dheweke malah guderan karo kancane. Bu Guru sing sepuh ndukani, “Ikal, sampeyan iki kok panggah cangkriman karo kancamu! Dimirengne!” Ikal tetep ora nggape.
Banjur Bu Guru matur, “Assalamu’alaikum? Wa’alaikumsalam. Jawabane iku wajib murid-murid. Saiki njajal ya, Assalamu’alaikum ?”
Bocah-bocah njawab, “Wa’alaikumsalam.”
“Pinter! Njajal sing kompak saiki kareben oleh amal gedhe. Gusti Allah Swt., seneng marang awake dhewe. Amarga awake dhewe manut ajarane agama Islam,” tutur Bu Guru.
“Assalamu’alaikum?”
“Wa’alaikumsalam.”
“Assalamu’alaikum, murid-murid?”
“Wa’alaikumsalam, Bu Guru.”
“Ikal kuwi kok panggah dolanan ta! Ayo, Kal. Yen ana salam ‘Assalamu’alaikum’ wangsulane piye?”
Ikal clingak-clinguk amarga ora ana sing meruhi.
“Assalamu’alaikum, Bu.”
“Heh … bocah kok ora nggatekake, umurmu wis pitung taun, Le. Dikalahne Riza sing petang taun. Njajal, sing apik, yen ‘Assalamu’alaikum’ njawabe iku?”
Ikal meneng tanpa swara. Banjur ana Pebri ing cedhake bisik-bisik. Ikal banjur mbengok-mbengok. “Yen ana salam ‘Assalamu’alaikum’ jawabane iku WAJIB.”
Kelas maleh kebak swara cekikikan. (EN)
Biografi Penulis
Penulis merupakan Mahasiswi semester 5 Jurusan Pendidikan Agama Islam di kampus IAIN Kediri
No comments